Selasa, 24 Januari 2017

Cerkak Bahasa Jawa "Apuranen Ibu Anin ...!"

Apuranen Ibu Anin !


Pak Herlambang kuwi pegawe instansi pemerintah. Saiki iki minangka Kabid Tata Lingkungan Badan Lingkungan Hidup. Jeneng pegawe negri, wis samesthine yen Pak Herlambang kudu manut lamun ditugasake menyang endi wae. Biyen udakara rong puluh taunan kepungkur piyambake nyambut gawe neng Manado banjur dipindhah maneh menyang Kupang. Kundur saka Kupang, Pak Herlambang wis peputra loro. Pambarepe putri jenenge Gaby Anindita, undang-undangane Anin. Adhine lanang jenenge Rudi Satria.
Cerkak Bahasa Jawa "Apuranen Ibu Anin ...!"
Cerkak Bahasa Jawa "Apuranen Ibu Anin ...!"

Nanging tumrap tangga teparo, putrane Pak Herlambang sakeloron kasebut sok asring dadi underaning rerasan. Kang lumrah jejer sedulur tunggal bapa-biyung iku saora-orane duwe kamiripan: praene, kulite, dedeg-piadege Ian sapanunggalane. Parandene antarane Anin Ian Rudi kaya bumi karo langit. Anin kulite putih mrusuh, mripate mambu-mambu suthup. Gek untune gingsul. Wah, wah. .marahi wuwuh imbuh ayune. Galuga sinalusur sari. Bareng teka Rudi kaya tiba kosok balen. Senadyan praene manis sedhep, mripate bunder bening nanging kulite ireng kathik rambute semu brintik.

“Upama sawijining bangunan, bahan materiale Anin Ian Rudi kuwi rak padha. Tukang sing nggarap, wonge iya padha. Kepiye kok dadine bisa ora padha? Siji dadi kaya Anin, sijine dadi kaya Rudi. Njur apane sing saIah?” omonge Markamah klesik-klesik rikala Anin Ian Rudi liwat dalan ngarepan omahe.

“Bisa wae, no. Wong cetak birune seje. Kuwi nek bangunan, Iho. Gambar cetakan bagan rencana bangunane sing ora padha” sumambunge sing lanang, Mintardi. Padha-padha pegawe negri nanging seje instansi.

“Sing tak karepke kuwi faktor keturunane, Mas!” Markamah agahan nyaut. “Ng... .anu, beke faktor keturunan saka PIL-e Bu Herlambang!”

Hus! Aja berburuk sangka ngono kuwi. Mosok bojon priyayi, wong kinurmat kok gelem-geleme nglakoni tumindak dudu!” pambantahe Mirtandi terus menyat lunga ninggalake sing wadon. Pilalah njingglengi koran timbang kedawa-dawa nyatur alane tangga.

Sauntara iku Anin sok krungu dhewe rerasane kanca-kanca sekolahe ngenani Rudi. Kang tundhone Anin malih isin duwe adhik Rudi. Keneng apa Rudi teka ora padha karo dheweke? Iya diwiwiti saka rasa pangrasa kaya mangkono mau kang njalari sambung rapet, sambang srawunge Anin marang Rudi dadi saya adoh. Yen neng omah, upama ora kepepet merga nampa dhawuh saka bapak-ibune, sengaja kelakon Anin gelem ngrewang-rewangi Rudi nggarap PR utawa tugas-tugas Iiya saka gurune.

Wekasane kedaya sikep tangkebe Anin sing kena diarani wis ora sumadulur kuwi, Rudi rumangsa kaya dadi wong sengkan ing omahe dhewe. Nganti arep nggawa sepedhah motore Anin wae ora entuk. Jare keciliken durung umur. Ing mangka kanca-kancane wis akeh sing padha sepedhah motoran. Sumungguhna Bu Herlambang ora kasok tresnane marang Rudi, kena dipesthekake yen bocah kuwi mesthi ora krasan neng omah. Gedhene bisa stres. Anehe, Rudi kok iya ora wani wadul marang ibune wedi yen arep mblakakake sikep tangkepe mbakyune sing mangkono iku.

Rikala kuwi Anin wis kelas rolas SMA,

Rudi kelas sanga SMP. Sekolahane sakomplek padha dene sekolah favorit neng kuthane. Mula sing bener kekarone bisa mangkat Ian mulih sekolah bareng-bareng. Wong Anin wiwit mlebu SMA biyen wis dipundhutake Vario bapak-ibune, mesthine Rudi rak bisa diboncengake. Ewasemono suwe-suwe Anin emoh dinunuti adhike, alesane macem-macem. Sing ika, sing iki, sing kudu mangkat Iuwih gasik utawa mulih kawanen jalaran akeh jadwal kegiyatan kanggo ngadhepi Unas Ian sapiturute. Pepuntone Rudi banjur numpak sepedhah dhewe. Rudi nglenggana.

Nuju sawijining sore, Pak Herlambang sekaliyan padha tindhak ngestreni resepsi temanten. Kanca lawase mantu putri pambarepe. Selagine bapak-ibune ora neng ndalem mau, meneng-meneng Rudi nggawa sepedhah motore mbakyune, embuh menyang endi parane. Bareng Anin tangi turu, lagi wae arep adus, dheweke kaget. Vario-ne kang biyasa diparkir neng cedhak garasi ora ana. Sanalika Anin nesu-nesu marang Larsih, pembantune. Anin wis nggraita, sepedhah motore mesthi digawa Rudi, temahane Larsih nuli digetak diakon nggoleki Rudi. Larsih malih plongak-plongok. Kepriye olehe arep nggoleki Rudi wong bocahe numpak motor gek dheweke paling mung nggawa sepedhah onthel!

Ora watara suwe Larsih wis bali karo saka kadohan jelih-jelih undang-undang Anin. Kasusul tekane wong akeh gumrudug nguyung-uyung Rudi Ian nuntun Vario-ne. Rudi nemahi kacilakan. Isih begja, kuwi yen miturut Kawruh Begja Sawetah Kyai Ageng Surya mentaram, Begja dene mung tangan Ian pilingan kuwi sing lecet-lecet. Rudi ditabrak sepedha motor saka mburi. Dheweke kontal mengarep, Vario-ne rusak lampu rem Ian lampu seen mburi pecah, slebore ngarep mburi sempal Ian sing nabrak ngethipret ora tanggung jawab.

Rampung ngrawat Rudi sacukupe sarta nggenahake perkarane, wong-wong mau banjur padha pamitan, bali neng omahe sowang-sowang. Anin ora lali nelakake atur panuwun ketang atine ngondhok-ondhok. Sabacute Anin enggal-enggal tilpun bapak ibune. Ngabari bab polah tingkahe Rudi, tatu dom diunekake tatu wadung. Mumpung ana pawadan kanggo mbleség-mblesegake Rudi. Olehe omong neng ha-pe sengaja digawe cedhak karo Rudi pamrih suprihe kareben bocahe melu krungu.

“Rudi menika lare hiper aktif, Bu. Angel dipun tuturi. Wong wis diwanti-wanti ora entuk nggawa motor. Lho, kok nggene pinter nyolong-nyolong. Kula tilem, kunci motor kula seleh ngandhap bantal teka saget diseler. Rudi kacilakan, Bu. Untung bocahe mung lecet-lecet. Ning Varlo-ne remuk...! Huh!” Jian bocah super mbeling. Kula mboten yakin nek Rudi niku adhiku kandhung kula, Bu...! Kulite, rambute nggih wajahe niku marahi kula yakin nek Rudi anak nggene ngadopsi. Lare saking NTT!”

Karo isih teturon Rudi njomblak krungu omongane Anin mangkono kuwi, layak sasuwene iki sikep tangkepe Anin marang dheweke kok kumliya banget. Rudi dadi melek, mripate kabukak amba. Weruh kalamun ora samesthine dheweke manggon ing omah gedhong magrong-magrong. Weruh yen dheweke mono satemene dudu anak kandhunge sawijining wong kinurmat. Mula kang saka kuwi najan awake isih krasa lara, dheweke cekekal tangi.

“Nek aku ora putrane bapak-ibu Herlambang, ngapa aku neng kene. Wis, tak lunga wae, aku” ujare Rudi nuli semparet lunga.

“Mas Rudi... sampeyan aja lunga, Mengko aku sing kena duka, Mas!” pangundange Larsih melas asih. “Karo sampeyan ki Iho, Mbak Anin.. .kok lehe bisa gawe-gawe. Sajog aku dadi pembantu neng kene, aku kok ora tau dijarwani bapak-ibu sing kaya ngono kuwi. Karo adhike dhewe kok diselaki. Ora duwe rasa tresna asih marang sedulur!”

Let sedhela Pak Herlambang sekaliyan rawuh, Anin tumuli nuduhake Varione kang remuk kelawan ngethupruk ngelek-elek Rudi karo srikutan ngulapi luh. Sapandurat Pak Herlambang njenger. Sumlenger Bu Herlambang kang wis krasa ana ganjelan jroning atine ora terus sakala mercaya wadule Anin. Iya! Ora bakal dikikibi lamun tresnane marang Rudi pancen rada keladuk. Saengga pangucape Anin kang nyenggol jati dhirine Rudi kaya welat pring wuluh kang mbeler atine, lara, perih”

“Saiki endi, bocahe?!”

“Larenipun kesah, Bu!”

Selak ora sranta, bareng ngerti yen Rudi lunga, Pak Herlambang gageyan jumranthal marani mobil Innova irenge, nguripake mesin banjur nggeblas. Ora kacarita lakune Pak Herlambang sajroning nggoleki Rudi. Kang tertamtu kliwat saking anggone kliling milang-miling sarta nguping tumiling-tiling. Ing wusana bareng meruuhi Larsih rerangkulan Ian Rudi karo dikekep-kekep, ditangisi neng pager banon ringin pojok alun-alun, Pak Herlambang kaya sinebit-sebit atine. Gancanging carita Rudi Ian Larsih age-age digawa bali.

Sabacute bareng wis tekan omah, Bu Herlambang kusung-kusung methukake Rudi banjur dipondhong cemot. Ketang kawer-kawer wong bocah wis gedhe. Sawuse padha ngumpul ana tata Iinggih, rada sawetara jinem, amem. Anin, Rudi apa dene Larsih padha cinengkerem rasa luput. Pak Herlambang mung mendel ngantu-antu cuwere kahanan Ian swasana kang isih kaku. Jer piyambake wis daweg anggone momong kang tuwa, enom utawa bocah. Momong andhahan Ian pembantu iya momong garwa putra. Ora terus duka ngono wae perkara motore Anin rusak. Kang tundhone malah bola-bali nyiksa batine Rudi bocah kang isih durung nalar isih miyar-miyar kajiwane.

“Yoh, ora tak selaki. Rudi pancen anak nggonku ngadopsi, Anin. Nalika aku pindhah saka Manado menyang Kupang biyen, umurmu lagi ngancik rong taun. Ing kana aku njur golek pembantu jenenge Dorkas, aku seneng Dorkas. JaIaran dheweke bisa nyedhakake srawungku karo masyarakat. Bareng wis rong taun melu aku, Dorkas terus pamit omah-omah. Setaun candhake Dorkas nglairake anak lanang pambarepe. Mung emane dheweke tiwas jroning babaran. Mula anake banjur tak kukup, tak pek anak. Tak jenengake Rudi Satriya iya adhikmu iki!” katrangane Bu Herlambang karo ngruket Rudi. Rudi saya nggriyeng tangise. Anin mlolok rumangsa salah gawe.

“Ning kowe uga kudu ngerti, Anin! Miturut diagnosane para dokter ahli kandungan, bapak ibu iki pinesthi ora kagungan putra. Mula rikala bapakmu ing Manado biyen, aku banjur ngajak ngadopsi anak. Kang wekasane aku terus diajak bapakmu milih bayi neng Panti Asuhan Ian entuk bayi wadon glewo-glewo kaya golek kencana iya kowe kuwi. Gaby Anindita!” Entek-entekane Bu Herlambang mung bisa nangis kamisesegen Ian njeIih: “Apuranen Ibu, Anin!”,

Bu Herlambang ngrumangsani luput dene kapeksa medharake wewadi kang sejatine kudu sinengker rempit. Anin sanalika nggapyuk ibune. Tangise ambrol, tangis getun keduwung gene wis ambeg siya marang Rudi. Ing atase ketemune jebul padha-padha anak pupone bapak ibu Herlambang wae teka wis gumedhe, ngewak-ewakake.

“Wis cukup, cukup...! Saiki wis dudu wektune wada-winadan. Anin, Rudi..., najan ora anak kandhung nanging sacara kajiwan kowe kabeh kuwi anak-anakku. Menungsa nyawang apa kang katon ing pandulu. Ning Gusti Allah mirsani apa kang ana ing kalbu!” Pak Herlambang ngerih-erih kanthi sareh. “Anin, Rudi...! Getihmu padha dene abang, balungmu padha dene putih. Kowe kuwi Anak Nusantara. Kang duwe gendera pusaka Sang Dwi Warna Abang Putih. Kringetmu Ian tetesing Iuhmu rasane uga padha. Asin rasa “persatuan dan kesatuan” lya rasa “persamaan tanpa pembedaan”!

(Cuthel)

Dening : Sri Adi Harjono

Panjebar Semangat No.27-4 Juli 2015
Baca Cerkak lainnya di : www.cerkak.com

Belum ada Komentar untuk "Cerkak Bahasa Jawa "Apuranen Ibu Anin ...!""

Posting Komentar

Advertisemen