Cerkak Alaming Lelembut "Tambal Ban"

Tambal Ban


Jam kerja ing kantor panggonanku nyambut gawe diwiwiti saka jam wolu esuk, tumekaning jam papat sore. Nanging menawa ana tugas ing cabang luwar kota, biyasane baline wanci wengi utawa malah tengah wengi.
Cerkak Alaming Lelembut "Tambal Ban"
Cerkak Alaming Lelembut "Tambal Ban"

Dina iki aku tugas menyang Madiun. Bali tekan kuthaku ngancik jam setengah rolas bengi. Ya lumrah, wong saka Madiun mau pancen wis wengi. Satemene wektu isih ing Madiun mau didhawuhi nginep karo pimpinan cabang, jalaran aku sakanca katon kesel.

Nanging aku pilih enggal mulih. Mobil rombongan kantor kuwi nuli mlaku ngarah ngulon. Sejatine aku kepengin liwat jalur Magetan nuli Cemara Sewu, nanging sopirku ora nyanggupi. “Yen dalu ngaten niki biyasane dalan mrika kathah pedhut Pak,” ujare. Wusanane mobil liwat dalan Ngawi-Sragen terus mangulon.

Tumekaning kantor, aku sakanca enggal nata berkas ing lemari arsip. Jam rolas thet, sepeda motor dak starter nuli mulih ngarah ngalor. Wis pirang-pirang dina iki, aku mangkat Ian mulih kantor ora liwat dalan sing biyasane dak liwati.

Sawetara wektu dalan kuwi ora bisa kanggo liwat kendharaan jalaran ana kreteg rusak sing lagi didandani. Mula kudu mubeng liwat dalan Iiyane sing luwih adoh. Wengi kuwi aku mecaki dalan pinggiran sawah sing sepi nyenyet, kathik hawane adhem njekut.

Kanthi jaketan rapet supaya anget, aku tansah ngati-ati liwat dalan alus kuwi. Saliyane dalane peteng ora ana lampu kanggo madhangi, uga lunyu jalaran bubar udan. Nanging sanadyan liwat mbulakan Ian kahanane sepi, dalan kuwi aman ora ana begal utawa kecu.

Ing satengahing dalan, ya pancen wis dadi begjaku, dumadakan ana sing aneh tumrap ban mburi pit motorku. Dak sawang, pranyata ban mburi nggembos. Bocor! Mesthi wae aku bingung. “Bengi ngene, ngendi ana tukang tambal ban?” ujarku gemreneng dhewe.

Thingak thinguk ngiwa nengen, sing ana mung peteng Ian sepi. Papan iki pancen bulak sing adoh saka pomahan. Uga blas ora ana pit motor utawa mobil sing liwat. Alon-alon dak tuntun pit motor lanang kuwi, kanthi pangarep-arep bisa ketemu tukang tambal ban.

Mbok menawa pancen wis dadi begjaku. Durung suwe nuntun motor, ing ngarepan ana wangunan kaya warung cilik sing katon padhang. Bareng dak cedhaki pranyata panggonan tambal ban. Aku nyicil ayem. Enggal wae aku mara mrono.

“Nyuwun tulung pak. Niki pit motor kula bocor,” ujarku marang tukang tambal ban.

“Nggih mas,” wangsulane cendhak nuli nggarap ban motorku. Tukang tambal ban kuwi nganggo topi ireng sing nutupi saperangan raine.

Ora bisa cetha aku nyawang piye Sejatine rupane bapak kuwi, nanging kira-kira wae wis rada sepuh. Sing cetha tukang tambal kuwi awake kuru cilik. Anehe maneh, menawa dak takoni wangsulane mung “nggih” “mboten” ora nate wangsulan nganggo ukara dawa.

‘”Daleme pundi Pak?” pitakonku.

“Mriku,” wangsulane alon meh ora keprungu, nuli meneng klakep. Ya wis ora dadi apa. Sing wigati motorku bisa pulih maneh Ian bisa enggal bali mulih. Aku nunggoni karo lungguh ing lincak pring sinambi sedhakep kadhemen.

Sajake tukang tambal iki wis pengalaman. Dak sawang tandang gawene cag-ceg, sedhela wae ban motorku wis ditambal. Dheweke tumuli menyat menyang mburi panggonan tambal ban tanpa sapa aruh marang aku.

Wanci kuwi dak sawang klambi sing dienggo uga owah. Sing maune kelir putih letheg Ian saperangan suwek-suwek, saiki malih dadi putih resik katon anyar. Luwih aneh maneh, sing dienggo kuwi katon dudu klambi nanging kaya mung kain putih sing diblebet ing awak.

“Ah mbok menawa bapake kuwi arep pipis ing sawah mburi kono,” panggraitaku sinambi njupuk dhuwit kanggo ongkos nambal. Dak tunggu sak menit, rong menit, nanging kok tukang tambal mau durung mbalik. Ing sawah mburi warung uga ora ana tilase.

“Apa tukange mau lali? Apa aja-aja bapake mau bangsane lelembut?” batinku goreh. Nanging apa ana lelembut kok bisa nambal ban? Kathik nambale uga cepet Ian sempurna. “Ah mokal yen bangsane lelembut,” bacutku grenengan dhewe. Aku pancen ora percaya marang bab-bab sing ora tinemu nalar.

Sing dadi perkara saiki, piye carane mbayar ongkose? Lha wong tukange ilang, uga ora ana pawongan liya ing papan iki. Sepuluh menit aku ngenteni. Wusanane motor enggal dak starter ninggalake papan kuwi ngarah ngalor bali mulih.

Tekan omah aku enggal turu, jalaran awakku pancen wis kesel. Bengi kuwi aku turu angler ora ana kedadeyan apa-apa. Uga ora ngimpi babagan tambal ban. Esuke aku ngrasakake awakku pulih Ian seger maneh sakwise ngaso sewengi. Jam pitu isuk sakwise ngeterake anakku sekolah, aku tumuli budhal menyang kantor.

Sengaja aku liwat dalan sing wingi bengi dak pecaki, saperlu arep mbayar ongkos tambal ban. Aku rumangsa salah yen durung mbayar. Nyedhaki bulakan amba, aku wiwit alon-alon nggoleki panggonan tambal ban. Dak sawang kanthi terwaca papan kuwi, nanging ora ana tandha-tandha yen ana tukang tambal ban.

Sarehne penasaran aku nuli mbalik ngalor maneh nggoleki wangunan panggonanan tambal ban. Pancen ora ana. Aku mandheg nalika nyawang ing cedhak kono ana lincak pring ing pinggir ndalan. Dak sawang kanthi terwaca. Ora lali. Iki lincak sing mau bengi dak lungguhi. “Lho nanging wangunane menyang ngendi?” pitakonku ing njero ati.

Aku nuli nyawang panggonan sakiwa tengene lincak kuwi. Aku kaget. Githokku mengkorog! Persis ing sisih kulon sawah kasunyatane ana kuburan. Apa iki kabeh ana gandheng cenenge karo kedadeyan mau bengi? Apa pancen tukang tambal kuwi lelembut?

Ora suwe ana bapak-bapak sepuh sing arep nggarap sawah liwat ing cedhakku. “Pak, nuwun sewu. Punapa ing celak mriki wonten tukang tambal ban?” pitakonku. “Punapa ingkang dipun kersaaken tukang tambal ban kuru alit Ian remen ngangge topi ireng?” bapak kuwi sing pranyata jenenge Pak Sastro balik takon.

“Nggih Pak leres,” wangsulanku. Aku nuli njlentrehake prastawa sing wingi bengi dak lakoni. Pak Sastro mbenerake critaku. “Mboten namung panjenengan pak ingkang natos ngalami kedadosan kados wingi dalu. Wonten saperangan priyayi nggih gadhah pengalaman kados panjenengan menawi ngliwati margi mriki ing wanci dalu,” ujare nuding dalan.

Pak Sastro ngandharake, satemene tukang tambal ban kuwi wis tinggal donya lan dikubur ing sareyan cedhak sawah kuwi. “Rumiyin nalika taksih gesang tukang tambal punika pancen pedamelanipun nggih tambal ban. Griyane kidul mriku. Tiyangipun gadhah tindak tanduk sae, Ian asring paring pambiyantu tiyang sanes,” njlentrehe kalem.

“Nanging eman, piyambakipun tilar donya amargi ngaIami kacilakan, tabrak Iari nggih wonten margi niki,” ujare Pak Sastro unjal ambegan. Sakwise manggon ing alam sing beda, pranyata tukang tambal kuwi isih seneng tetulung marang Iiyan.

Aku gumun kok bisa nemahi kedadeyan ora tinemu nalar. Siji sing ora lali, aku isih duwe kewajiban mbayar ongkos tambal ban. Sawetara wektu candhake nalika mulih bengi saka kantor, aku sengaja mecaki dalan kuwi maneh.

Nanging ora ana prastawa apa-apa. Sepeda motorku ora bocor maneh. Ora ketemu karo tukang tambal ban. Sing ana mung sepi. Dak sawang Iincak ing pinggir dalan. Kuwi minangka bukti menawa aku nate ditulungi tukang tambal ban ing tengah wengi.

(Cuthel)

Erdy Priharsono

Panjebar Semangat No. 1.9-10 Mei 2014
Baca Cerkak Lainnya di www.cerkak.com

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Cerkak Alaming Lelembut "Tambal Ban""

Post a Comment