Minggu, 23 Agustus 2020

Materi Pembelajaran Bahasa Jawa, Geguritan Kelas XII, Semester Gasal

Postingan kali ini harrywidhiarto.com akan memberikan materi pembelajaran Bahasa Jawa Kelas XII, Semester Gasal tentang Geguritan.

Pangerten Geguritan

  • Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. 
  • Cacahe larik, cacahe wanda,cacahe pada, tembung - tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas.
  • Ananging apike ukara kudu cocog karo isine, pilihane tembung kudu mantesi lan mentes, uga kudu nggunakake wirama lan basa (purwakanthi, dwipurwa, seselan, lan sapenunggale)
Materi Pembelajaran Bahasa Jawa, Geguritan Kelas XII, Semester Gasal
Materi Pembelajaran Bahasa Jawa, Geguritan Kelas XII, Semester Gasal

Ciri-cirine geguritan :

1. nggawe tembung-tembung kang apik lan pilihan.
2. cacahe guru gatra, guru wilangan lan guru lagu ora ditentokake utawa ora kaiket
3. sajake bebas
4. isine apik, lan becik
5. isine sindiran, kritik, pitutur, piweling, pamundhut, lan sapanunggale
6. kadang nggunakne basa purwakanthi, swara, lan sastra
7. Tembung Kawi


Unsur Geguritan

a) unsur fisik

1. Diksi
yaiku Pilihan Tembung.
Nggatekake lan menehi tekanan basa, utamane babagan tembung-tembung utama ing geguritan. Ing perangan iki bisa awujud irama lan rima.
2. Citraan
yaiku andharan saka panulis supaya gawe sengsem para pamaose.
3. Majas
Wujud ukara kang bisa narik kawigaten.
4. Tipografi
Bentuk Geguritan

b. Unsur Batin Geguritan

1. Tema
yaiku gagasan pokok kang diandharake dening penyair lumantar geguritane. Tema kang kerep digunakake ing geguritan yaiku tema ketuhanan (religius) tema kamanungsan,tresna, patriotisme,perjuangan,urip kang gagal,alam,kritik sosial,keadilan,demokrasi,lan tema kekadangan (persahabatan).

2. Perasaan/rasa pangrasa
rasa pangrasa kang kepingin diandharake dening pangripta nentokake nolak,nyarujuki,apa nyengkuyung tumrap rasa iku.

3. Nada/irama
yaiku kajiwan pujangga nalika ngripta geguritan. Nada njlentrehake sikap pangripta marang marang riptane.

4. Amanat / Pitutur.
Lumantar tulisan, pangripta geguritan bisa ngandharake pesen kang bakal dijlentrehake.

Media Pembelajaran Bahasa Jawa Materi Geguritan Kelas XII, Semester Gasal


1 Komentar untuk "Materi Pembelajaran Bahasa Jawa, Geguritan Kelas XII, Semester Gasal"

  1. Online Casino Site with Free Spins - Lucky Club
    Lucky Club offers you a wide range of online casino games, including slots, blackjack, live casino and more. It has over 50 unique games luckyclub

    BalasHapus

Advertisemen