Materi Kelas XI-Crita Rakyat

Materi Kelas XI-Crita Rakyat
Materi Kelas XI-Crita Rakyat

A. Pangertene Crita Rakyat


Crita Rakyat Yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo masarakat ing papan iku.

Umume, awujud lelakon cekak kang wose crita munjerake sawijining tokoh. Kedadeyan, tokoh, lan konflik iku sawijining unsur pokok crita, lan katelune kanthi nyawiji diarani plot utawa alur. Kanthi mangkono crita iku kudu duwe alur.

Crita Rakyat (folklore) iku crita saka jaman kuna kang isih urip ing madyaning bebrayan agung lan diwarisake kanthi lesan. Ing jaman biyen biyasane crita rakyat di ceritakake ana ing kalodhangan tinamtu dening wong kang nduweni kabisan tinamtu/khusus, kayata dhalang.

B.  Unsure Crita Rakyat

Unsur-unsur crita rakyat kaperang dadi loro, yaiku:
1.    Unsur ekstrinsik yaiku unsure kang mbangun crita rakyat saka sajabane crita. Kang mangaribawani (mempengaruhi) dianggite crita rakyat saka unsure ekstrinsik iku antarane:
1)      Agama
2)      Ekonomi
3)      Sosial
4)      Pendhidikan
5)      Budaya

2.    Unsur intrinsik yaiku unsure kang mbagun crita rakyaat saka njero crita. Kang mangaribawani dianggite crita rakyat saka unsure intrinsike iku antarane:
1)      Tema
Tema, yaiku idhe/gagasan baku kang dadi undherane prakara crita. Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan, sesrawungan, lan sapanunggalane.

2)      Paraga
Paraga, yaiku pelaku kang mbangun crita utawa wong kang dicritakake. Paraga ing crita nduweni watak dhewe-dhewe kanggo mbedakake siji lan liyane. Paraga kaperang dadi 3, yaiku:
a)      Paraga utama sing uga dijenengi protagonis.
b)      Paraga mungsuh sing uga dijenengi antagonis.
c)      Paraga tambahan sing uga dijenengi tritagonis.

3)      Watak
Watak, yaiku tandha-tandha fisik (dhuwur, lemu, pesek, cendhek, lan sapiturute) lan tandha-tandha nonfisik kang diduweni paraga (galak, sumeh, grapyak, pinter, bodho, lan sapiturute).

4)      Latar/Setting
Latar utawa setting, yaiku papan, wektu, lan swasana kedadeyane crita. Papan iki bias ana ing pasar, dalan, sawah, kantir, lan sapanunggalane. Wondene wektu iku ana awan, sore, bengi, esuk.

5)      Sudut Pandang/Point of View
Sudut pandang, yaiku posisine pagript ing crita utawa carane pangripta nyritakake isine crita. Pangripta bisa dadi tokoh ing crita kuwi, uga bias dadi pengamat wae ing njaba crita.

6)      Basa
Basa, yaiku gegayutan karo gaya basa kang digunakake pangripta ing crita.

7)      Alur/Plot
Alur, yaiku urut-urutake kedadeyan ing crita. Bakune crita saka wiwitan nganti teka pungkasan (pitepungan, dredah, cara ngrampungake dredah). Alur kaperang dadi 3, yaiku:
a)      Alur maju (progresif) yaiku alur kang nyritakake utawa nggambarake kahanan saiki kanthi sateruse.
b)      Alur mundur (regresif) yaiku alur sing nggambarake kahanan saiki, diterusake ngandharake kahanan sing kapungkur.
c)      Alur campuran 

8)      Amanat   
Amanat, yaiku piweling utawa piwulang luhur kang kakaandhut ing sajroning crita, kang arep diwenehake pangripta marang pamaca.
  
C.  Karekteristik Crita Rakyat
Crita rakyat yaiku perangan karya sastra lisan kang nduweni karakter kaya ing ngisor iki.
1.    Anonim, tegese crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit.
2.    Kolektif, merga ora kaweruhan sapa sing nganggit crita mau dadi duweke masarakat bebarengan.
3.    Dicritakake kanthi lesan.
4.    Sing nyritakake saka generasi menyang generasi liyane.
Amarga cirri kasebut crita rakyat gampang owah, sok sapa bias nambahi mula akeh versi miturut papan utawa panggonan sing nyritakake.

D.  Wujude Crita Rakyat
Crita wujude ana loro yaiku crita fiksi (dongeng) lan crita non fiksi. Crita fiksi yaiku crita sing ngayawara, direka-reka anane, mula bisa diarani dongeng, yen dikerata basa ‘dipaido ya keneng’.

1.    Wujude crita fiksi/dongeng
1)      Fabel
Fabel yaiku dongeng kewan sing bisa wawan gunem kaya manungsa.
Tuladhane : Kancil karo Baya, Singa Barong karo Tikus, Kancil Nyolong Timun, lan sapanunggalane.

2)      Mite
Mite yaiku dongeng sing ana sesambungane karo roh, alam gaib.
Tuladhane : Nyi Roro Kidul, Pethite Nyai Blorong, Thuyul, Gendrowo Kulon Desa, lan sapanunggalane.

3)      Legenda
Legenda yaiku dongeng mula bukane dumadining panggonan utawa barang.
Tuladhane : Dumadine Rawa Pening, Tangkuban Prau, lan sapanunggalane.

2.    Wujude crita non fiksi

1)      Hikayat
Hikayat yaiku crita bab lelakon paragane.
Tuladhane : Hikayat Hang Tuah, Hikayat Gadjah Mada, Hikayat Bahtiar, lan sapanunggalane.

2)      Babad
Babad yaiku crita sing ana bukti nyatane, nanging uga ditambahi carita sing ngayawara.
Tuladhane : Babad Tanah Jawi. Babad Mataram, Babad Kartasura, lan sapanunggalane.

3)      Sejarah
Sejarah yaiku crita sing ana bukti nyatane.
Tuladhane : Sejarah Majapait, Sejarah Demak, Sejarah Kraton Ngayogyakarta, lan sapanunggalane.

4)      Roman
Roman yaiku crita sing nggambarake uriping wong wiwit lahir nganti mati. Jinising warna-warna kayata : Roman adat, Roman sosial, Roman detektif, lan sapanunggalane.
Tuladhane : Sri Kuning, Anteping Wanita, Anteping Tekad. Kapilut Godhaning Setan, Tresna Abaya Pati.

E.  Sinopsis
Sinopsis crita rakyat yaiku ringkesan crita rakyat. Ringkesan crita rakyat yaiku  nyekakake crita rakyat kanthi tetep ngawigatekake unsure-unsur instrinsik crita rakyat kasebut. Ancasing sinopsis yaiku menehi gambaran ringkesan ngenani crita rakyat. Carane nggawe sinopsis, yaiku:

1)   Maca naskah asli dhisik kanggo mangerteni kesan umum panulis.
2)   Nyathet gagasan umum kanthi nggarisi ngisor gagasan sing wigati.
3)   Nulis ringkesan adhedhasar gagasan-gagasan utama kaya dene sing dicathet sajrone cara kapindho.
4)   Gunakna ukara sing padhet, efektif, lan narik kanggo ngrangke alur crita dadi sawijining karangan cekak kang nggambarake karangan asli.
5)   Dialog lan monolog paraga cukup ditulis isi utawa garis besare wae.
6)   Sinopsis ora antuk nyimpang saka alur crita lan isi saka kaya sing asli.


Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Materi Kelas XI-Crita Rakyat"

Posting Komentar