Senin, 31 Agustus 2020

Materi "Novel" Bahasa Jawa, Kelas XI Semester Gasal

Media Pembelajaran Bahasa Jawa, Materi Novel Kelas XI, Semester Gasal.

Pangerten Novel

  • Novel yaiku wujud sastra paling populer ing donya. Wujud karya sastra iki paling akeh dicetak lan paling akeh sumebar, lantaran daya komunitase kang amba ing sajrone masarakat. (Jakob Sumardjo)

  • Novel yaiku wujud karya sastra kang dumadi saka rong unsur, yaiku unsur intrinsik lan ekstrinsik kang kaloro unsur kasebut gegandhengan jalaran duweni daya pangaribawa gedhe kanggo nglairake karya sastra. (Rostamaji lan Agus Priantoro)

  • Novel yaiku karya sastra kang awujud prosa kang duweni unsur-unsur intrinsik. (Paulus Tukam)

  • Novel yaiku rerangken kang awujud gancaran (prosa) kang dawa ngandhut rerangken crita bab panguripan sawijining wong lan wong ing sakupenge kanthi nonjolake watek lan sipate saben paraga. (Kamus Besar Bahasa Indonesia)
Materi "Novel" Bahasa Jawa, Kelas XI Semester Gasal
Materi "Novel" Bahasa Jawa, Kelas XI Semester Gasal

 

Unsur Intrinsik


1. Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari crita novel.

2. Setting yaiku minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku crita, setting iku ngemot wektu, papan/panggonan, sosial budaya.

3. Punjering Crita, kaperang dadi 3.

3.1. Sesulih wong Kapisan
Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh lan tembung sesulih wong kapisan (Kata ganti orang pertama).
Nyritakake apa kang dilakoni, lan ngetokake rasa pangrasane dhewe kanthi tembung-tembunge dhewe.

3.2. Sesulih wong Katelu
Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh bawahan, pengarang luwih akeh ngamati saka sanjabane crita.
Pengarang biyasane nggunakake tembung sesulih wong katelu (Kata ganti orang ketiga)

3.3. Sudut Pandang impersonal
Pengarang sanyatane dumunung ing sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan ngerti.
Pengarang bisa nyawang tokoh nganti tekan sajroning pikiran lan atine.

4. Alur/Plot
Rerangkening  prastawa/kedadeyan ing Novel.
  • Alur Maju (Progresif)
  • Alur Mundur (Regresif)
  • Alur Campuran
5. Penokohan
Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga.
Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri fisike, lingkungane.

6. Gaya Bahasa
Yaiku gaya kang digunakake ing novel kasebut.

7. Amanat
Pesen / Piweling kang arep diwenehake pengarang marang pamaos Novel

Unsur Ekstrinsik

Unsur iku ngemot latar belakang penciptaan, sejarah, biografi pengarang.

Jenis Novel

Novel Serius, Novel serius yaiku novel kang surasane bisa manungsakake manungsa pamaca. Tegese, wong kang maca bisa dadi pribadhi kang luwih becik Novel serius nduweni piguna sosial (bisa nggulawenthah wong tuwa utawa masyarakat supaya dadi manungsa kang luwih prasaja)

Novel Hiburan, Novel hiburan yaiku novel kang ngatonake unsur hiburane saengga pamaca rinasa enak kepenak, agawe gayeng pamaca kanggo ngrampungake novel kasebut Novel hiburan nduweni piguna personal (ora nggatekake carane “mulang” pamaca, bab paling wigati kang digatekake yaiku bisa narik kawigatene pamaca lan gawe pengin ngrampungake anggone maca.
Video Pembelajaran Bahasa Jawa Novel, Kelas XI Semester Gasal


Unduh Power Point Novel Bahasa Jawa, Kelas XI Semester Gasal

Belum ada Komentar untuk "Materi "Novel" Bahasa Jawa, Kelas XI Semester Gasal"

Posting Komentar

Advertisemen