Senin, 31 Agustus 2020

Materi Cerkak, Bahasa Jawa Kelas X, Semester Gasal

Pangerten Cerkak

  • Cerita cekak (cerkak) yaiku sawijining karangan kang nyeritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungsa.
  • Crita ing cerkak dumadi andhedhasar saka urutan sawijining kedadean utawa prastawa.
  • Prastawa ing cerkak dilakoni dening paraga, lan paraga kasebut nglakoni rerangkening konflik saengga kedadean, paraga, lan konflik iku kalebu unsur pokok jroning cerkak.
Materi Cerkak, Bahasa Jawa Kelas X, Semester Gasal
Materi Cerkak, Bahasa Jawa Kelas X, Semester Gasal

 Titikane Cerkak / Ciri Cerkak

  • Critane ringkes.
  • Ana gegayutane karo lelakone manungsa.
  • Alur crita dumadi saka wiwitan, dredah (bertengkar; berkelahi; berselisih), lan ngrampungake perkara.
  • Cacahe tembung kurang saka sewu tembung.

Unsur-Unsur Cerkak

Tema, yaiku inti utawa ide dhasare crita.
Latar, yaiku papan panggonan, hubungan wektu lan lingkungan sosial saka kedadeyan kang dicritakake ana ing crita.
Latar ing cerkak iku ana 3 jenise:
1. Latar panggonan, yaiku latar kang dadi papan panggonan nalika kedadeyan ana ing crita iku dicritakake.
2. Latar wektu,yaiku wektu nalika kadadeyan ana ing crita iku dicritakake.
3. Latar kahanan (suasana), yaiku kahanan lingkungan social nalika kedadeyan ana ing crita iku dicritakake.

Sudut pandang (point of view) yaiku posisine pengarang nalika nyritakake crita.
Posisi pengarang ana 2:
  • Dadi wong kapisan (orang pertama). Pengarang dadi tokoh lan lakon ana ing crita.
Cirine ana tembung “AKU”.
Tuladha: Aku isih durung percaya menawa dina iki aku bisa lungguh ana ing kursi stadion Olimpico roma…….
  • Dadi wong katelu (orang ketiga) pengarang dadi pengamat ana ing crita.
Cirine :
Nganggo jenenge wong, dheweke, panjenengane.

Alur/plot yaiku lakuning carita utawi urut-urutanipun carita.
Alur wonten 3 werna yaiku
1. Alur maju (progresif)
2. Alur mundur (regresif/flashback)
3. Alur campuran

Paraga (tokoh) yaiku tiyang ingkang maragani carita.
Paraga wonten 3 werna yaiku
1. Paraga utama (protagonis)
2. Paraga mungsuh (antagonis)
3. Paraga tambahan (tritagonis).

Penokohan, yaiku carane pengarang nggambarake lan njlentrehake karakter tokoh ana ing crita.

Ana 2 teknik kanggo nggambarake karakter salah sawijining tokoh.

1. Teknik Analitik, yaiku karakter/watak tokoh kang dijlentrehake kanthi langsung dening pengarang.
2.Teknik Dramatik, yaiku karakter/watak tokoh kang dijlentrehake kanthi penggambaran.

Amanat/pesen yaiku pesen utawa piweling ingkang badhe dipunaturaken dening pangripta marang pamaos, utawi pesen ingkang sinandhi ing crita kasebut.

Gaya basa, basa sing digunakake pangripta ing sajroning carita. Utawa cara khas kang dienggo pangripta kanggo medharake pikiran lan rasa atine.
Gaya basa ing jagad kasusastran Jawa bisa awujud basa rinengga, pepindhan, bebasan lan majas.

Sinopsis
Sinopsis yaiku ringkesan sawijining crita.
Ringkesan yaiku salah sawijining wujud nyekakake cerita kanthi tetep migatekake unsur- unsur intrinsike crita iku. Lumrahe sinopsis kurang saka 300 kata.

Carane gawe sinopsis :
1. Maca naskah asline, kanggo nggolek gagasan utamane
2. Nyatet gagasan utama kang penting
3. Ngrantam (nyusun) maneh gagasan utama dadi paragraf
4. Dialog lan monolog cukup ditulis isi utawa garis utamane
5. Sinopsis ora kena owah saka lakune crita asli.

Video Pembelajaran Bahasa Jawa, Materi Cerkak

Unduh Power Point Materi Cerkak Bahasa Jawa Kelas X

1 Komentar untuk "Materi Cerkak, Bahasa Jawa Kelas X, Semester Gasal"

  1. maturnuwun materi ingkang sampun dipunshare dening bapak Harry Widhiarto
    sangat membantu sekali buat saya Pak.

    BalasHapus

Advertisemen