Cerkak Bahasa Jawa "LURAH"

Cerkak Bahasa Jawa
LURAH

Cerkak Bahasa Jawa "LURAH"
Cerkak Bahasa Jawa "LURAH"
Swara azan Maghrib lagi bae keprungu gumontang saka mesjid kidul protelon. Ora kaya biyasane, surup kuwi Pak Darman trima sembahyang ana omah. Kamangka padatan panjenengane mesthi tindak mesjid bebarengan karo Bu Anjani, garwane. Dina iku bu guru sing isih katon ayu senajan wis yuswa kuwi pinuju repot. Wiwit awan mau panjenengane mung tansah utheg bae ana pawon gawe jajanan.

Durung rampung nandangi gaweyan ing mburi, Bu Anjani kaget krungu lawang omahe dithothog saka njaba. Panjenengane nuli jumangkah mbukak lawang.

“Pak Guru wonten dalem?” ngono pitakone wong lanang gedhe dhuwur sing brengos Ian jenggote katon ketel kuwi bareng Bu Anjani mbukak lawang.

“Wonten, mangga pinarak mlebet,” sambunge Bu Anjani bareng ngerti yen tamune kuwi Pak Gono, tanggane nunggal RT

Ngerti ana tamu, Bu Anjani banjur memburi nggoleki sisihane sing lagi sembahyang. Jroning batin kebak tandha pitakon, ana apa wong siji kuwi kok gelem mertamu menyang omahe. Kamangka padatan Pak Gono mono ora nate sanja. Srawunge wong siji kuwi pancen jembar, nanging yen karo Pak Darman ora nate gelem nyaba. Sawise dikandhani garwane yen ana wong sing nggoleki, rampung sembahyang Pak Darman banjur menyang ruwang tamu.

“Sampun dangu Pak Go- no?” pitakone Pak Darman kanggo abang-abang lambe sinambi nyalami tamune.

“Sawatawis wekdal, Pak Guru. Nyuwun pangapunten menawi ngganggu,” sambunge Pak Gono grapyak.

“Ah mboten dados menapa. Kula malah remen menaWi wonten sedherek ingkang purun mara sanja, saged dipun ajak tukar kawruh.”

Wong loro banjur ngobrol ngalor ngidul. Senajan Pak Darman ora tau jagongan karo tamune sing isih tangga nunggal RT kuwi, nanging pengalamane minangka guru njalari panjenengane bisa golek bahan sing kena dianggo omong-omongan. Semono uga Pak Gono, minangka wong sing jembar srawunge bisa ngimbangi apa sing dikandhakake dening Pak Darman.

Sawise sawetara wektu anggone padha omong-omong kothong, Pak Gono banjur wiwit ngandharake rancangane. Dheweke mbombong atine Pak Darman supaya gelem macung ing pilihan kepala desa sing arep diadani wulan ngarep. Anggone padha pirembugan saya suwe saya gayeng sawise Bu Anjani ngladekake unjukan Ian camilan.

“Macung dados kepala desa samenika wragadipun kathah,” Pak Darman nanggapi kandhane tamune kuwi kanthi sareh.

“Panjenengan sampun kesesa nglokro, Pak Guru. Awit masyarakat sampun sami nyengkuyung,” Pak Gono terus mbombong atine Pak Darman.

“Nanging menawi jago sanesipun mengke nyebar arta, rak mboten saged angsal suwanten kula.”

“Sampun kalih dasa taun Iangkung panjenengan dados guru wonten desa mriki. Sampun kathah murid panjenengan ingkang dados tiyang. Kula kinten sedaya badhe miIih gurunipun tinimbang tiyang sanes menawi panjenengan majeng. Kasetyanipun murid dhumateng guru kula kinten mboten saged dipun tumbas mawi yatra.

Sawise Pak Gono kandha kang akeh-akeh, Pak Darman sajake wiwit kegodha atine. Semono uga Bu Anjani, atine bungah yen sing lanang gelem macung ironing pilihan kepala desa. Sebab arepa kepriye bae dadi kepala desa iku kejaba kajen uga renes. Wong sadesa kurmat. Durung yen ana wargane duwe gawe mesthi ditonjok, diaturi dadi trima tamu, lungguhe ana ngisor talang. Yen wargane duwe perlu apa ta apa mesthi nyuwun tapak asmane, yen wis ngono ora ketang rokok mesthi keri.

Apamaneh jaman saiki akeh banget bantuwan dana saka ndhuwur. Senajan bantuwan dana mau tujuwane kanggo ngundhakake pembangunaning desa, nanging bebasan kliwatan banyu mesthi bakal melu teles. Adhedhasar tetimbangan kabeh mau Bu Anjani nyengkuyung banget yen sing lanang macung.

“Pak mantan kades menapa mboten nyalonaken malih ta, Pak Gono?” Bu Anjani nggenahake.

“Pak mantan menika sampun njabat kalih periode. Dados mboten saged majeng malih. Kejawi menika ketingalipun masarakat ugi sampun mboten remen dhateng panjenenganipun. Sedaya kepengin ingkang enggal. Menika kalodhangan ingkang sae tumrap Pak Darman, supados saged dados tiyang nomer setunggal wonten desa mriki.”

Pak Darman mbedhodhog atine krungu kandhane Pak Gono. Sawise guru senior iku mratelakake kesaguhane macung kepala desa, Pak Gono janji siap dadi botohe. Perkara golek swara dadi tanggung jawabe.

Sawise sapatemon sepisanan iku, meh saben bengi Pak Gono mara menyang daleme Pak Darman saperlu ngrembug sakabehing perkara sing ana gandheng cenenge karo pilihan kepala desa. Dheweke rumangsa marem awit pak guru iku pranyata kanthi gampang kena diojok-ojoki supaya gelem maju. Minangka tukang ngabotohan dheweke mesthi bakal kelangan sandhang pangan yen ora migunakake kalodhangan sing prayoga, kaya pilihan kepala desa ngono iku.

Sawise antuk jago siji, Pak Gono mbisiki Pak Gentho. Kancane kuwi dijaluk supaya ngedegake jago kanggo nandhingi Pak Darman. Mengko yen wis ana jago paling ora loro, Pak Gono lagi bisa nimbang kira-kira kuwat endi, banjur dianggo ajang totohan. Kanthi mangkono dheweke bakal bisa mangan enak turu kepenak senajan ora nyambut gawe setaun lawase. Perkara sing dadi sapa, tumrap Pak Gono ora wigati. Sing baku dheweke menang jroning ngabotohan.

Nanging Pak Gentho ora bisa antuk jago, senajan pendaptaran wis meh ditutup. Sajake wong sak desa kono ora ana sing wani macung tetandhingan karo Pak Darman. Kabeh wis ngrasa kalah yen kudu saingan karo priyayi siji kuwi. Sumurup kahanan kang kaya ngono iku Pak Gono wiwit goreh atine. Yen jagone mung siji, pilihan kepala desa kuwi mengko ora bakal rame. Jalaran mungsuhe mung bumbung kothong. Kanthi mangkono ngabotohan barang mesthi bakal sepi. Nanging sing jeneng tukang main ngono pranyata uga ora kentekan cara.

“Pak Darman, pilihan kepala desa menika menawi namung jago tunggal, tumrap kula kok kirang marem. Mimpang mboten kondhang nanging menawi kawon ngisin-isini,” Pak Gono wiwit ngobong atine Pak Darman.

“Lajeng prayoginipun kados pundi, Pak Gono?”

“Kedah wonten pendhampingipun, Pak.”

“Maksudipun?”

“Panjenengan utusan tiyang supados majeng, nanging istilahipun namung pupuk bawang. Piyambakipun mboten pados swanten. Mboten gadhah botoh, mboten gadhah kadher. Kawontenipun sami kalihan bumbung kothong. Nanging panjenengan mboten badhe Iingsem awit mengsahipun sanes bumbung kothong.”

Pak Danman nyarujuki panemune Pak Gono. Panjenengane terus kongkonan Gendhon, rewange, supaya maju jroning pilihan kepala desa. Nanging Gendhon ora entuk golek swara, kabeh wragad sing nanggung uga dheweke.

***

DINA Setu esuk Desa Waringin Surup wiwit katon rame. Dina iku diadani pilihan kepala desa. Jagone ana loro, siji Pak Darman sing mawa lambang pari, wondene sijine Gendhon sing nganggo lambang krambil. Jam rolas awan pamilih sing cacahe kurang luwih ana rongewu jiwa saperangan gedhe wis padha migunakake hak pilihe. Ana uga sing ora teka awit isih saba paran Ian ora kober mulih. Udakara jam siji awan cacahing swara sing wis mlebu wiwit dietung.

“Padi, sah. Padi, sah. Padi, sah. Kelapa, sah. Padi, sah...” ngono swarane panitiya sing ngetung cacahing swara pemilihan kuwi.

Pak Darman sing mawa lambang pari terus unggul. Panjenengane katon tenang banget, sinambi udud sedhal-sedhul. Pikirane wis nggambarake wiwit esuk wis bakal diundang bapak kepala desa dening rakyate. Nanging suwening suwe cacahe sing milih Gendhon uga saya akeh. Kuwat nututi cacahing swarane Pak Darman. Nganti wekasane Pak Darman kalah dening rewange kuwi. Cacahing swara kacek seket.

Wong ngabotohan rame banget. Paribasane resek bae bisa dadi dhuwit. Ora ngira yen Gendhon sing dadi. Kamangka sing dianggo dhuwur wong ngabotohan Pak Darman, enem kabandhing siji. Wong-wong Desa Waringin Surup kono bae uga akeh sing kalah. Ariehe Pak Gorio Ian Pak Gentho padha menang anggone ngabotohan. Nanging Pak Darman sajak tenang bae ngadhepi perkara kuwi. Minangka guru senior dheweke cukup wicaksana ngadhepl kahanan.

Sawise ditlesih, anane Gendhon bisa menang awit kabeh mau dianggo dolanan dening Pak Gono Ian Pak Gentho. Wong loro kuwi wani mbayar wong supaya milih Gendhon. Sejene kuwi wong sing abot menyang Pak Darman uga padha kena dituku kertu swarane, saengga ora bisa milih. Kanthi mangkono Pak Gono Ian Pak Gentho bisa menang akeh jroning ngabotohan iku.

Atine warga padha goreh. Yen pilihan kepala desa wae bisa diatur-atur dèning tukang ngabotohan, banjur kepriye demokrasl bisa lumaku kanthi becik? Yen Gendhon nglakokake rodhane paprentahan, banjur arep dadi apa Desa Waringin Surup ing mbesuke? Wong dheweke kuwi ora bisa maca, ora bisa nulis Ian ora ngreti marang bab paprentahan. Aja maneh ngatur rakyat, ngatur wedhus sing saben sore diengon bae dheweke kerep ora bisa mrantasi gawe.

Nanging warga desa uga ora nyalahake Gendhon, sing sedhela maneh bakal dilantik dadi kepala desane. Kabeh mung nyalahake sistem Ian wong-wong sing gampang di atur dening tukang main.

(Cuthel)

Panjebar Semangat No.25-20 Juni 2015
Dening Sumono Sandy Asmoro
Baca Cerkak lainnya di : www.cerkak.com 

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Cerkak Bahasa Jawa "LURAH""

Post a Comment