Senin, 21 November 2016

Cerkak Bahasa Jawa "Bakul Bakso Besanan karo Bakul Soto"

Cerkak Bahasa Jawa "Bakul Bakso Besanan karo Bakul Soto"

Cerkak Bahasa Jawa "Bakul Bakso Besanan karo Bakul Soto"
Cerkak Bahasa Jawa "Bakul Bakso Besanan karo Bakul Soto"
Mengkono judhule sakwenehing cerkak sing tak waca, pengarange mbuh sapa asmane ra tak gagas. Majalah basa Jawa mau banjur tak glethakake aneng meja, karepku mono ben bojoku mengko gelem maca, idhep-idhep kena kanggo pembandhing wong aku mono bakale ya ndang arep mantu nanging tekan seprene durung kelakon amarga anaku isih cilik durung wancine omah-omah. Iku mau mung alesanku wae, kamangka sing bener anakku durung ana sing nembung nganti seprene.

“Pak, aku ora percaya yen crita iku kasunyatan urip, mongsok ana bakul Bakso dodole wayah bengi, sedheng bakul Soto dodole wayah esuk kok anak-anake banjur padha ketemu terus padha seneng Ian terus omah-omah, kamangka dodole ya beda kutha, kok gampang temen nemokake jodho”, tembunge bojoku sajak ora percaya yen crita mau kasunyatan unp. “Yen Gusti Allah ngersakake, bab kaya ngono mau dudu bab sing mokal”, wangsulanku entheng wae. “Asam digunung garam dilaut akhirnya bertemu dibelanga, kae lho paribasane.

“Aku dhewe sejatine ora lengganan majalah mau, nanging bareng weruh ana cerkak sing mawa judhul rada magepokan karo aku, banjur tak tuku. Pakaryanku bakulan Soto neng pasar Wage, ya mung iki kepinteranku, iku wae gaweyan warisan saka wong tuwaku swargi. Warung Soto sing nemplek aneng kios pinggir pasar Wage mau pancen mung sarwa prasaja, wujude emplek-emplek terpal plastik kanggo nutupi meja Ian dhingklik dawa kanggo wong sing gelem ngiras aneng kono. Bakule ya aku dhewe direwangi anaku wedok Ian bojoku, cekake crita warung murah meriah, telung ewu rupiyah wis sakwedange teh, ditanggung wareg Ian gemrobyos kringeten.

Seje karo sing tak lakoni, ing cerkak sing tak waca mau, bakul Soto Ian bakul Bakso. sing ana crita mau pancen aneng kutha Jakarta sing sarwa maju, Iengganane akeh tur ya regane klebu dhuwur, Semangkok Bakso limolas ewu rupiyah, jare sing jajan aneng kono iku racake para pengusaha Ian artis ibukota, tumpakane mobil. Bakso bola pingpong ngono kondhange, saben dina mbeleh sapi loro, buruhe kabeh cacah rong puluh, isih enom-enom tur ya ayu-ayu Ian bagus-bagus menganggo sandhangan sragam. Dene bakule Soto iku mapan aneng kutha Lampung dhaerah transmigran sing wis maju.

Mula bukane dicritakake mengkene:

Dina Riyaya Idul Fitri 1427 H kurang telung dina, kabeh warga Jakarta sing asale saka kabupaten Wonogiri padha tata-tata arep mudhik. Kanggone wong sing merantau aneng Jakarta Ian kutha ngendi wae, dina riyaya kudu bisa mulih menyang kutha asale saperlu silaturahmi karo tangga teparo Ian sungkem marang wong tuwane sarta padha nyekar leluhure dhewe-dhewe sing wis padha sumare. Nanging satemene kabeh iku mung alesan klasik, wis kuna, wong nyatane yen uripe isih mendelap-mendelep ya padha ora gelem mulih, jare isih durung berhasil, dadi tujuane padha mulih ya mung pengen pamer kesuksesane.

Parjimin, SE mengkono jenenge juragan Bakso mau, kamangka nalika kawitan ngumbara menyang Jakarta dheweke iku mung lulusan SMP, nanging mbuh priye ora dicritake, saiki wis duwe embel-embel titel SE. Juragan Bakso mau ya ora beda karo kancane, jenenge wae pengusaha sukses, buruh cacah rong puluh wis dibudhalake mulih menyang Wonogiri, dicarterke bis mewah menyang mulih gratis. Dene dheweke sakulawarga nggawa mobil BMW mewah weton anyar dikancani sopire pribadi. Aneng saktengahe dalan gedhe nalika dalan pantura macet total amarga saking akehe kendharaan sing liwat, Pak Parjimin, SE metu saka mobil sakperlu ngaso Ian golek hawa seger ketemu wong sing uga padha arep mudhik menyang Wonogiri. “Wah gimane nih, bangsa kite mau maju, Jakarta-Wonogiri aja bisa-bisa gue tempuh duapuluh empat jam!, waktu gue habis dijalanan nih”, panggresahe Parjimin, SE nganggo logat Jakarta campur Wonogiri. Ing sandhinge ana priyayi sing katon bergas sing nyekel dhewe stir mobil Mercy uga weton anyar melu nyambung, “Gue malah dari kemaren udah berangkat dari Lampung, sekarang baru nyampek Cirebon, payah nih pemerintah kite!, mbok buat jalan yang lebar-lebar seperti diluar negeri gitu Ioh’“Lu mau kemana?” pitakone Parjimin, SE, “biyase mudik ke Manyaran”, wangsulane priyayi mau santai. “Loh kalau gitu kite same-same setujuan, Manyaran Wonogiri kan?”

Gapyuk dadi kena akrab, jebul priyayi sing katon bergas mau jenenge Pak Darman asale ya Wonogiri mung beda kecamatan. Ya ngene iki kasunyatan urip, wong sugih ketemu karo wong sugih kok banjur bisa kekancan raket, mendah eloke kahanan donya iki menawa kabeh uwong bisa srawung kanthi raket nanging ora mbedak-mbedakake status ekonomi sing disandhang. Saupama wong sugih sing mudhik nggawa mobil mau gelem tawa-tawa marang tanggane sing mlarat sing kepengin mudhik nanging kepeksa numpak sepur enet-enetan kaya bandeng kae mendah donya iki endah Ian apike, urip rukun ayem tentrem. Nanging ya iki sing jenenge kasunyatan urip, ora sah ngrasani ndhak dikira meri!.

Bareng rumangsa padha-padha asale saka Wonogiri banjur padha ngobrol ing sakdalan-dalan lumantar Hp. Pak Darman ngaku apa anane, ing Lampung bakulan Soto, ora sembarang Soto, nanging Soto Kwali istimewa, sedina ngentekake daging sapi siji. “Wah kalau gitu kite ini nunggal profesi ya, bagaimana kalau gue buka cabang di Lampung, disana kan belum ada Bakso pingpong?”“Oh, belum, segera aja buka disana nanti aku dhukung”. Sajak kaya nemu kanca raket sing ngungkuli sedulur, kamangka kenale wae durung genep sakjam nanging wis bisa padha rembugan bab bisnis. Mula nalika wong loro mau wis tekan ing kutha Wonogiri padha pengin silaturahmi. “Gue nanti habis sholat ied dolan ke rumah lu ye, ngganggu nggak?”, “Oh makasih, pokoknya kalau lebaran gini gue selalu open house dua puluh empat jam sekalian bagi-bagi tu rejeki kepada sobat dan tetangge lame’

Ing cerkak mau dicritakake menawa Parjimin ndhisik wis beda banget karo Parjimin sing saiki wis nganggo embel-embel titel SE (Sarjana Ekonomi) tur sugih. Ndhisik Parjimin iku anake randha mlarat, paribasane menyang sekolah wae mung nyeker, awake kuru merga kurang pangan, nanging sopan santun marang sapa wae apa maneh karo priyayi sepuh mesthi ngajeni, Ian Parjimin iku uga sregep menyang mesjid kaya umume bocah liyane. Nanging saiki Parjimin, SE wis malih grembyang, bubar sholat mung methengkreng aneng ngomah ora gelem silaturahmi menyang omahe para sepuh, dupeh sugih wae banjur malih, nanging omahe ora sepi saka tamu sing padha mara, merga sapa wae sing gelem mara bakal entuk zakat dhuwit satus ewu sing isih anyar gres. Semono uga Darman, dicritakake anake wong mlarat, malah wong tuwane melu transmigrasi menyang Lampung, nanging bareng saiki wis sugih mblegedhu amarga Sotone laris Ian kebon kopine aneng Lampung pirang-pirang hektar saiki ya ora beda karo Parjimin, SE mau.

Tekan tibaning janji, bubar sholat led Ian sungkeman marang sedulur-sedulure, Pak Darman sakulawarga banjur nggeblas nuju kampunge Pak Parjimin ing Kedung klepu Manyaran. Wong sakdesa rada cingak weruh mobil Mercy anyar mlebu kampung, kamangka sing numpak durung dikenal.

“Bu, rumahnya pak Parjimin yang mana ya?”, pitakone Pak Darman marang wong tuwa sing lagi nyapu latar. “Oh, menika griya gedhong sungsun tiga ingkang sae menika!’ wangsulane karo nudingi sisih kidul penere. Tekan omahe Pak Parjimin wong loro mau banjur gapyuk salaman Ian rangkul-rangkulan sajak kaya Sedulur dhewe kae. Cekake crita, bareng wong loro padha ngerti yen duwe anak sing isih jaka Ian prawan, terus padha sepakat arep bebesanan. Malah saiki ing tlatah kutha Metro ing Lampung kana ana rumah makan laris banget jenenge “Gisoreso” sing tegese Pagi jualan Soto sore jualan Bakso, duweke pasangan Darman saputra, SH putrane Pak Darman Ian Parwati, SE putrane Pak Parjimin, SE.

“Priye Bu penemumu mungguhe cenita mau?’ pitakonku marang sisihanku ing sakwijining sore. Dheweke mesem, “Kok ana wae akale sing ngarang crita iku, yen critane ya lumayanlah, ning sing ora tak cocogi iku tumindake wong loro mau, bareng dupeh sugih kok terus malih sIagane”“Kuwi dudu crita karangan, ning kasunyatan urip!”, wangsulanku manteb ben bojoku percaya. Dheweke malah ngguyu kepingkel-pingkel. “Priye yen anake dhewe wedok ditembung juragan Bakso sing sugih kowe cocog apa ora?”, “Juragan Bakso ngendi ta Pak sing gelem besanan karo bakul Soto pinggir pasar Wage kaya ngene iki, apa meneh Anis sajake isih seneng sinau, wong cita-citane arep nglanjutke aneng program S2, mbuh sekolah apa iku aku ra mudheng”, wangsulane bojoku karo nyepakake wedang kopi. Sore iku aku Ian sisihanku pancen lagi padha jejagongan ngrembug bab kuliyahe anakku wedok sing sajak katon mempeng anggone sinau ngadhepi ujian, karepku mono arep tak kon maca cerkak ing majalah basa Jawa mau, nanging jebul dheweke wis maca esuk mau.

“Alaaah,... aja percaya crita ngono kuwi bu, iku rak mung karangane wong-wong tuwa sing nganggur kae”, swarane anaku wedok saka njeron kamar karo ngguyu. “Ning kowe gelem tak dipek mantu juragan Bakso sugih?”. “Ah, ya pikir-pikir dhisik ta pak, priye wonge, shotat apa ora, setya apa ora, kok gampang timen nampa lamaran”, wangsulane karo isih tetep ngguyu. (Cuthel)

Dening: Sumedi
Panjebar Semangat No. 36 - 5 September 2009
Baca Cerkak lainnya di : www.cerkak.com

Belum ada Komentar untuk "Cerkak Bahasa Jawa "Bakul Bakso Besanan karo Bakul Soto""

Posting Komentar

Advertisemen