Minggu, 06 Maret 2016

Kumpulan Geguritan kapacak ing majalah Panjebar Semangat, No 51-19 Desember 2015

Berikut kami bagikan contoh dari beberapa geguritan yang pernah dimuat di majalah berbahasa jawa yaitu Panjebar Semangat pada edisi No. 51-19 Desember 2015, semoga dengan kumpulan geguritan ini bisa menjadikan inspirasi untuk membuat karya-karya geguritan sendiri, sebagai referensi geguritan silahka kunjungi situs geguritan.com


Pengangen 

( Didit Setyo Nugroho )
Mbesuk menawa aku wis nduweni srengenge dhewe
Lan sliramu dadi putri salju kang ora nate kendhat dolanan kluwung maneka warna
Aku ora perlu maneh natah pasuryanku saben dinane dadi penthul
Kanggo main kethoprakan
Sebab utip wis kadhung mili adoh nglangkahi musin
Fatamorgana wis nguculi kaendahan
Lan angin-angin sumribit ing candhela-candhel atimu kang kabukak
Gurit dudu amung wicara pasemon angon wirama
Nanging wis dadi paugering panguripan
Papan sliramu ngeyub ing sucining mbulan
Beblesna atimu ing samadimu
Nalika kasunyatan or bisa ngluwarake kekarepan


Kudu Piye

(Devit Paska Windy Apryllia)
akeh sing kandha awake dhewe kuwi nyawiji
nanging endi buktine
nyatane akeh uwong mung mikir dhiri pribadhi


wong-wong sing gajine gedhe
ora gelem ngurusi rakyate
mung bisa mikirake uripe dhewe


korupsi saya ndadi
ora ngerti budi pekerti
akeh sing ora padha wedi
yen dilebokake ning njero jeruji wesi


pidana wis ora adil
mbela wong salah, sing penting wani mbayar
njlomprongake wong cilik, sing ora duwe dhuwit
wis dadi tradhisi ing Indonesia


rakyat padha sengsara
saben dina ngrasakake rekasa
ora bisa nyuwara apa-apa
mung bisa ngenteni lan ndonga marang Gusti


aku ora ngerti apa sing dilakokake
ora ngerti apa sing dikarepake
wong cilik mung bisa manut wae
marang apa kang diarahake

2 Komentar untuk "Kumpulan Geguritan kapacak ing majalah Panjebar Semangat, No 51-19 Desember 2015"

Advertisemen