Senin, 16 Maret 2020

Materi Kelas X-Wayang

SEJARAH WAYANG

Materi Kelas X-Wayang
Materi Kelas X-Wayang

WAYANG dumadi saka tembung “Yang” utawa “Hyang” kang entuk  ater-ater  wa-. 

Tembung “Yang” utawa “Hyang” duweni teges Roh ingkangdipun pepundhi lan dipercaya saged damel beja lan kacilakane manungsa.

Wayang punika wewayangan utawa gegambaran watak lan jiwanipun manungsa.

Wujudipun Wayang dipun bagi 2, yaiku

1. Wayang kang awujud 2 dhimensi, yaiku wayang kang di gawe saka kulit / lulang kewan. 
2. Wayang kang awujud 3 dhimensi, yaiku wayang kang di gawe saka kayu.

Crita Wayang kang dilakonaké dijupuk saka épos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa. 

Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang kaya ngéné iki diarani Wayang Menak.
Para ahli durung ana kang bisa masthèkaké kapan wayang wiwit ana ing Indonésia.

Katrangan kang luwih trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masehi. Ing kana tinulis si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara. Artiné kira-kira: Si Galigi ndhalang kanggo Hyang kanthi lakon Bimma Sang Kumara."

Manéka Warna Wayang


1. Wayang Bèbèr 

Yaiku wayang kang digawè saka kain utawa kulit lembu kang awujud bèbèran (lembaran). Saben bèbèran kuwi nggambarakè sakadegan crita. Yen wis rampung dilakonkè, bèbèrane digulung manèh. Wayang iki digawè jaman krajaan Majapahit. Wayang iki asalè saka Pacitan lan Gunung Kidul.

Wayang iki digawè kanthi kuwat ing bab rong dimensinè kanthi seni lukis ing kanvas.

Wujud Wayang Beber
Wujud Wayang Beber
Wujud Wayang Beber

2. Wayang Kulit

Yaiku iku salah sawijining pagelaran wayang ingkang mbabaraké lakon mahabharata utawa ramayana sing wayangé digawé saka kulit kewan.
Pagelaran Wayang Kulit
Pagelaran Wayang Kulit

3. Wayang Klitik

Wayang Klitik sinebut uga Wayang Krucil yaiku wayang kang digawè saka kayu, kang wujudè padha karo wayang kulit. Wayang iki nduweni ciri khas yaiku yènditanggap ora nganggo gedhebog tancepanè nanging nganggo kayu kang wis dibolong-bolongi. Crita kang kerep ditanggapkè yaiku nyaritakakè Damarwulan lan Majapait.
wujud wayang Klitik
wujud wayang Klitik

Wayang iki campurane wayang golek lan wayang kulit. Praupane kaya wayang kulit nanging digawe seka kayu. Amarga seka kayu, awake wayang tanpa cempurit. Pagelarane ora nganggo kelir/layar. Debog kanggo tancepan diganti nganggo kayu kang wis dibolongi, jenenge slanggan. Wayang iki wis arang digelar.

4. Wayang Golek

Wayang Golèk uga akèh wong sing arani wayang tengul. Wayang iki digawè saka kayu lan diklambèni kayata manungsa. Sumbering crita kajupuk saka Sejarah kayata crita Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten, Trunajaya lsp.
Wujud Wayang Golek
Wujud Wayang Golek
Crita wayang iki uga bisa kajupuk saka dongéng nègara Arab. Yèn pèntas kang dadi ciri khasè wayang golék yaiku ora nganggo kelir utawa layar kayata wayang kulit.

5. WAYANG GEDHOG

Wayang Gedhog :Wayang iki wujudè mèh padha karo wayang kulit.
Kang digawè kurang luwih taun 1400-an. Sumbèring crita saka crita raja ing Jawa, antaranè Banten, Singasari, Mataram, Kediri, lsp. Wayang iki mung bisa ditemokakè ana musèum.

6. WAYANG DONGENG

Wayang kang digawè saka dluwang kang digambari wayang awujud kèwan-kèwan. Wayang iki nyitakake babagan donyanè kèwan kang dadi sarana reflèksi saka donyanè manungsa.
Wujud Wayang Dongeng
Wujud Wayang Dongeng
Ana wayang iki disarujuki ora ana sing dadi dhalang kang lumrahè tunggal dadi sakabèhing paraga ana wayang, banjur sapa waè bisa dadi dhalang, kang bisa prasaja gunemanè.

Belum ada Komentar untuk "Materi Kelas X-Wayang"

Posting Komentar

Advertisemen