Kamis, 04 Juli 2019

Materi Tembang Macapat Pocung

Materi Tembang Macapat Pocung
Materi Tembang Macapat Pocung

Pengertian Tembang Macapat

Tembang Macapat yaiku salah sawijining tembang jawa tradhisional kang kaiket aturan utawi paugeran Guru Gatra, Guru Wilangan lan Guru Lagu.

Paugeran Tembang Macapat

Paugeran utawi aturan tembang macapat kedah manut kaliyan paugeran Guru Gatra, Guru Wilangan lan Guru Lagu.
  • Guru Gatra : Cacahing larik saben sa pada (Jumlah baris pada setiap baitnya)
  • Guru Wilangan : Cacahing Wanda saben sa gatra (Wanda : Suku Kata)
  • Guru Lagu : Tibaning swara ing pungkasaning gatra.

Tuladha Tembang Pocung

Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase Lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara

Analisa Tembang Macapat Pocung.

Guru Gatra

Ngelmu iku kalakone kanthi laku-----Gatra 1
Lekase Lawan kas-----Gatra 2
Tegese kas nyantosani----Gatra 3
Setya budya pangekese dur angkara---- Gatra 4

Guru Wilangan

Cacahing wanda (suku kata) saben sa gatra.

Ngel-mu-i-ku-ka-la-ko-ne-kan-thi- la -ku
   1     2   3  4   5  6  7    8   9    10  11  12

Le- ka- se - la - wan - kas
 1    2    3    4     5        6

te- ge - se - kas - nyan - to - sa - ni
1    2     3     4       5       6     7     8

Se- tya - bu - dya - pa - nge - ke - se - dur - ang - ka - ra
 1    2      3     4        5      6      7     8     9       10   11    12

Guru Lagu

Tibaning swara ing pungkasaning gatra (a,i,u,e,o)

Ngelmu iku kalakone kanthi laku ----Guru Lagu U
Lekase Lawan kas-----Guru Lagu A
Tegese kas nyantosani----Guru Lagu I
Setya budya pangekese dur angkara-----Guru Lagu A

Dudutan / Kesimpulan

Paugeran Tembang Macapat Pocung :
Guru Gatra : 4
Gatra 1 : Guru Wilangan : 12 / Guru Lagu U
Gatra 2 : Guru Wilangan : 6 / Guru Lagu A
Gatra 3 : Guru Wilangan : 8 / Guru Lagu I
Gatra 4 : Guru Wilangan : 12 / Guru Lagu A

Belum ada Komentar untuk "Materi Tembang Macapat Pocung"

Posting Komentar

Advertisemen