Rabu, 07 Januari 2026

SANDIWARA

SANDIWARA



Pengertian Sandiwara

Sandiwara yaiku nyetakake utawa maragake paraga ana ing sandiwara kuwi dhasare numindakake utawa maragakake watak lan tindak-tanduk pawongan liya.

Unsur Intrinsik Sandiwara

Unsur-unsur ingkang kasusun ana ing njerone sandiwara yaiku:
a.   Tema yaiku uderaning perkara kang arupa ide dhasar crita, tema sing dianggo ana ing sandiwara dumadi saka bab-bab kerep diprangguli ana bebrayan.
b.   Purusa/Paraga (tokoh) lan watake
–      Purusa utama yaiku paraga kang paling akeh gegayutane karo paraga liya.
–      Purusa pambiyantu yaiku parga kang mbiyantu paraga utama.
–      Watakwatune yaiku ciri-ciri utawa karakter paraga.
c.   Alur (dalaning crita) yaiku urut-urutan lakune crita.
d. Amanat yaiku pesen moral kang ana ing njerone crita.
e. Gaya bahasa yaiku tata cara panganggone basa kang bisa awujud dialek, tata ukara lan majas.
Unsur Ekstrinsik Sandiwara
Unsur ekstrinsik sandiwara jawa yaiku unsur kang ana ing sakjabane karya sastra, ananging unsur samenika gadahi pengaruh ing karya sastra.


Wujude Sandiwara

–      Dramatikal yaiku sandiwara kang diparagakake karo saperangan wong utawa paraga kang dibarengi salah bawa.
–      Pantomin yaiku sandiwara kang diperagakake kaliyan gerak-gerik ananging boten wonten dialog namung wonten musik  lan ekspresi saking rupane lakon.
–      Komedi yaiku sandiwara kang diperagakake karo geguyonan kang sifate nyindir lan pungkasane seneng-seneng.
–      Parodi yaiku salah satunggaling wujud dialog antarane naskah saha oposisi (kontras).

Sandiwara kudu migatekake babagan ing ngisor iki:

1. Nduweni kreasi nalikaning nindakake paraga
2. Maragakake kanthi wajar ora digawe-gawe
3. Paraga kang ditindhakake dipadhake kalawan tipe, gaya, jiwa lan ancas pementasane.
4. Paraga kang ditindhakake nganggo periode wektu lan watak.

Cara ingkang bisa ditindhakake nalikaning dadi paraga ana sawenehing lakon sandiwara:

1. Gladhen olah watak
2. Gladhen swara
3. Gladhen observasi lan imajinasi
4. Gladhen konsentrasi
5. Gladhen teknik pementasan
6. Gladhen sistem akting
7. Nglancarake keprigelan lan gladhen

Belum ada Komentar untuk "SANDIWARA"

Posting Komentar