Paramasastra
Paramasastra yaiku bab kang nyinaoni aksara, wanda, tembung lan ukara.
AKSARA ----> WANDA -----> TEMBUNG ------> UKARA
Miturut jenise, tembung bisa kaperang dadi 2, yaiku:
1. Tembung Lingga (Kata Dasar)
2. Tembung Andhahan (Kata Jadian)
Tembung Lingga (Kata Dasar)
Tembung lingga yaiku tembung kang durung owah saka asale (kata asal). Tuladhane: sapu, tulis, gambar, tuku, laku, kursi, meja, omah, lsp.
Tembung Andhahan (Kata Jadian)
Tembung Andhahan yaiku tembung kang wis owah saka asale. Tuladhane: latare, piwulang, tetuku, omahe, tulisane, balekna, lsp.
Ater-ater (Awalan)
a. Ater-ater Hanuswara, kang kalebu ater-ater hanuswara (awalan asal) wujude m-, n-, ng-, lan ny-.
Tuladhane:
m + pangan = mangan
n + tulis = nulis
ng + gawa = nggawa
ny + sapu = nyapu
b. Ater-ater Tripurusa, kang kalebu ater-ater tripurusa yaiku, dak-, ko- lan di-.
Tuladhane:
dak + pangan = dakpangan
ko + jupuk =kojupuk
di + tulis = ditulis
c. Ater-Ater liyane
Tuladhane:
a + lungguh = alungguh
ma + lumpat = malumpat
ka + limpe = kalimpe
ke + sandhung = kesandhung
Seselan (Sisipan)
Wujude sisipan yaiku: um, in, l lan r.
teka + -um = tumeka
gawa + in = ginawa
siwer + l = sliwer
kelip + r = krelip
Panambang (Akhiran)
Wujude panambang yaiku: -i, -ake, -e, -ane, -ke, -a, -ana, -na, -ku, -mu, lan -en.
Tuladha:
jupuk + i = jupuki
turut - ake = turutake
jaluk + ane = jalukane
tuku + ke = tukoke
sugih + a= sugiha
paring + ana = paringana
Miturut jenise, tembung bisa kaperang dadi 2, yaiku:
1. Tembung Lingga (Kata Dasar)
2. Tembung Andhahan (Kata Jadian)
Tembung Lingga (Kata Dasar)
Tembung lingga yaiku tembung kang durung owah saka asale (kata asal). Tuladhane: sapu, tulis, gambar, tuku, laku, kursi, meja, omah, lsp.
Tembung Andhahan (Kata Jadian)
Tembung Andhahan yaiku tembung kang wis owah saka asale. Tuladhane: latare, piwulang, tetuku, omahe, tulisane, balekna, lsp.
Ater-ater (Awalan)
a. Ater-ater Hanuswara, kang kalebu ater-ater hanuswara (awalan asal) wujude m-, n-, ng-, lan ny-.
Tuladhane:
m + pangan = mangan
n + tulis = nulis
ng + gawa = nggawa
ny + sapu = nyapu
b. Ater-ater Tripurusa, kang kalebu ater-ater tripurusa yaiku, dak-, ko- lan di-.
Tuladhane:
dak + pangan = dakpangan
ko + jupuk =kojupuk
di + tulis = ditulis
c. Ater-Ater liyane
Tuladhane:
a + lungguh = alungguh
ma + lumpat = malumpat
ka + limpe = kalimpe
ke + sandhung = kesandhung
Seselan (Sisipan)
Wujude sisipan yaiku: um, in, l lan r.
teka + -um = tumeka
gawa + in = ginawa
siwer + l = sliwer
kelip + r = krelip
Panambang (Akhiran)
Wujude panambang yaiku: -i, -ake, -e, -ane, -ke, -a, -ana, -na, -ku, -mu, lan -en.
Tuladha:
jupuk + i = jupuki
turut - ake = turutake
jaluk + ane = jalukane
tuku + ke = tukoke
sugih + a= sugiha
paring + ana = paringana
Paramasastra miturut golonganing tembung kaperang :
· Tembung aran (tuladha: radio, meja, lsp)
· Tembung kriya (tuladha: maca, turu, lsp)
· Tembung sesulih(tuladha: kowe, aku, lsp)
· Tembung wilangan (tuladha: telu, enem, lsp)
· Tembung kaanan (kata sifat) (tuladha: elek, kuru, lsp)
· Tembung katrangan (tuladha: kana, lor, lsp)
· Tembung pangarep (tuladha: saka ing, lsp)
· Tembung sandhangan (tuladha: sang, hyang, lsp)
Jinising tembung ana 2, inggih punika tembung lingga lan tembung andhahan…
Tembung lingga inggih punika tembung kang during owah saka asale, tuladhane meja, pangan arit,…lsp
Tembung andhahan inggih punika tembung kang wis owah saka asale, tuladhane mlaku koktuku, gumagus lsp
Tembung andhahan kuwi asale saka tembung lingga kang oleh ater-ater, panambang, lan seselan
Tuladhane ater-ater:
· Ater-ater a+….
a+karya: akarya
· Ater-ater ka+…
Ka+tabrak: katabrak
· Ater-ater anuswara (na,ma,ny, ng)
na+tampa: nampa
ma+pangan: mangan
ny+sapu: nyapu
ng+goring: nggoreng
· Ater-ater tripurusa (dak, kok, di)
kok+pangan: kokpangan
di+jambak: dijambak
dak+masak: dakmasak
· Ater-ater sa, pa, pi, pra, pari, tar
sa+wengi: sawengi
pa+mudha:pamudha
pi+tutur: pitutur
pra+yoga: prayoga
pari+wara:pariwara
tar+buka:tarbuka
· Ater-ater kuma, kapi, kami
Kuma+lamcang:kumalancang
Kapi+adreng: kapiadreng
Kami+gila:kamigilan
Tuladhane panambang:
· Panambang ku, mu, e
Buku+ku: bukuku
Sapu+mu: sapumu
Jaran+e: jarane
· Panambang an
Gawa+an: gawan
· Panambang i
Suwek+i: suweki
· Panambang a, na, ana, en
Jupuk+a: jupuka
Pangan+na: panganna
Sapu+ana: saponana
Jaga+en:jaganen
· Panambang ake
Gambar+ake:gambarake
· Panambang ne, ing
Bapak+ne: bapakne
Abang+ing: abanging
Tuladhane seselan:
· Seselan in:
Cedhak +in: cinedhak
Titah+ in: tinatah
· Seselan um:
Bagus+um: gumagus
Tindak+ um: tumindak
· Seselan l, r:
Siwer+ l: sliwer
Kelip + r: krelip
Belum ada Komentar untuk "Paramasastra"
Posting Komentar