Rabu, 31 Januari 2024

Materi Geguritan (Asal-usule Geguritan, Pangerten Geguritan, Jinising Geguritan, Titikane Geguritan)

1. Asal-usule Geguritan
Geguritan kalebu jinising sastra Jawa. Geguritan iku diwiwiti saka periode kasusastraan Jawa kuna nganti sastra gagrag anyar. Geguritan diartikake minangka puisi Jawa tradhisional kang nduweni paugeran tartamtu. Paugeran iku kayata :
  • Cacahing gatra ana ing geguritan ora gumathok.
  • Kadaden saka 8 wanda saben sa-gatra.
  • Pungkasaning gatra nduweni swara kang padha.
  • Biasane diwiwiti karo tembung "Sun Gegurit".
Paugeran iku minangka wewaton geguritan jawa kuna, utawa geguritan tradhisional. Tuladha Geguritan tradhisional yaiku :
Lakune Manungsa
Sun Gegurit

Lelakune kang utama
Dadi tujuning manungsa
Supaya Nir saka dosa
Cekelaning wong ing donya
Kanggo bebrayan mardika
Ngugemi rasa rumangsa


Materi Geguritan Bahasa Jawa
Materi Geguritan Bahasa Jawa


2. Pangertene Geguritan

Manut Subalidinata (1994:45) geguritan yaiku tataning basa kang memper syair. Geguritan asale saka tembung gurita kang diowahi saka tembung asline yaiku gurita, gerita. Tembung gerita dhewe minangka tembung andhahan kang linggane yaiku tembung gita, tegese tembang utawa syair. Mula iku geguritan nduweni titikan kang beda karo karya sastra liyane.

Miturut Wardoyo (2013:20) Geguritan iku pengalaman imajinasi lan babagan kang nduweni makna katulis minangka ekspresi manungsa kanthi nggunakake basa kang ora langsung. Geguritan iku katulis minangka wujud gagasan utawa idhe panganggit.

Pramila geguritan nduweni ancas kanggo mbabarake piweling saka panganggit marang pamaca. Geguritan iku nduweni sipat multitafsir, tegese siji mbaka siji pawongan kang maca bisa beda tumrap pamanggihe babagan isi geguritan iku.

3. Jinise Geguritan
Manut dhapukane ukara geguritan kaperang dadi :
  1. Gita Dwigatra, gurit rong gatra sa pada utawa Gita Dwigatra.
  2. Gurit telung gatra sa pada utawa Gita Trigatra.
  3. Syair patang gatra sa pada utawa Gita Catur Gatra.
  4. Syair limang gatra sapada utawa Gita Panca Gatra.
  5. Syair nem gatra sa pada utawa Gita Sadgatra.
  6. Syair pitung gatra sa pada utawa Gita Sapta Gatra.
  7. Syair wolung gatra sa pada utawa Gita Hastha Gatra, lan
  8. Syair sangang gatra sa pada utawa Gita Nawa Gatra.
Geguritan iku uga bisa diarani karangan kang kaiket paugeran tartamtu, menawa kuwi geguritan lawas. Dene geguritan gagrag anyar yaiku puisi jawa kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Ukara kang trep karo isine, diksi utawa pamilihan tembung kudu mantesei lan menthes, uga kudu nggunakake wirama lan basa, purwakanthi, dwipurwa, seselan, lan liyane.

Jinising geguritan liyane adhedhasar paugerane geguritan, geguritan bisa kaperang dadi Geguritan lawas/kuna lan Geguritan Gagrag Anyar. Geguritan gagrag lawas luwih sering kasebut kanthi tembung guritan. Geguritan gagrag anyar yaiku geguritan kang bebas utawa ora gumathok aturan tartamtu.

4. Titikane Geguritan
a. Ora kawengku ing pathokan
b. Nggunakake tembung kang pinilih.
c. Ora nggunakake basa padinan lan arang nggunakake tembung pangiket.
d. Migunakake purwakanthi sastra, swara lan basa.
e. Isine menthes.

Belum ada Komentar untuk "Materi Geguritan (Asal-usule Geguritan, Pangerten Geguritan, Jinising Geguritan, Titikane Geguritan)"

Posting Komentar

Advertisemen