Jumat, 16 Oktober 2020

Media Pembelajaran Bahasa Jawa, Materi Teks Deskripsi Rumah Adat Jawa

Kompetensi Dasar

- Menelaah Teks Deskriptif tentang Rumah Adat Jawa
- Menanggapi dan Menceritakan Kembali isi Teks Deskriptif tentang Rumah Adat Jawa.


Media Pembelajaran Bahasa Jawa, Materi Teks Deskripsi Rumah Adat Jawa


1. Teras utawa Pendhapa

  • Dumunung ing ngarep dhewe. Piguna utamane kanggo nampa tamu.
  • Perangan iki tansah dibukak tanpa ana wates ruwangan.
  • Iki aweh pralambang luhure pribadi Hawa kang tansah tinarbuka lan mentingake karukunan lan kekadangan.
  • Nglambangake sipat rinaket ing antarane kang duwe oman karo tamu kang rawuh.
  • Ruwangan iki digunakake kanggo ngrembug sawenehe prakara kang asipat kadonyan. Upamane : ngrembug babagan pagaweyan, bisnis, dagang, lan sapiturute.

2. Pringgitan

  • Pringgitan kalebu papan umum/publik.
  • Ing jaman biyen ruwangan iki digunakake kanggo nggelar wayang kulit utawa upacara Tradhisional liyane.
  • Ringgit kang ateges Wayang.
  • Ruwangan iki dibangun kanthi maksud nuduhake yen manungsa iku duwe kuwajiban nguri-uri lan ngrembakake seni lan budaya.

3. Dalem Agung

  • Wujude persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine.
  • Perangan iki minangka perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah Tradhisional Jawa.
  • Dalem Agung digunakake kanggo kulawarga, mula asipat luwih tinutup (Privasi).
  • Ruwangan iki nuduhake lamun urusan kulawarga iku kudu dirembung kanthi bebarengan, lan wong liya ora kudu ngerti urusan pribadine kulawarga.

4. Krobongan / Senthong


  • Ruwangan iki minangka ruwangan kang istimewa.
  • Ing wiwitane piguna utama ruwangan iki sakliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah, uga kanggo nyimpen maneka wujud pusaka lan piranti liyane.
  • Ruwangan iki dikantheni Kasur, dhipan, bantal lan guling.
  • Ruwangan iki ateges nuduhake yen manungsa iku tansah eling marang Gusti kang paring kanugrahan.

5. Gandhok utawa Pawon


  • Papane ana ing mburi dhewe.
  • Pigunane kanggo masak lan kamar mandi.
  • Ruwangan iki minangka ruwangan kang asipat pribadhi lan duwe nilai luhur.
  • Nulad saka panganggone, mula dipapanake ana ing mburi, supaya wong liya ora ngerti nalika sing duwe omah reresik dhiri, lan dhahar.
  • Bab iki nuduhake yen manungsa iku duwe sipat gemi, setiti lan ngati-ati, tegese ora bosor lan tansah njaga kapribadene kang siningit (tersembunyi).

Video Pembelajaran Bahasa Jawa, Kelas X Semester Gasal, Teks Deskripsi Rumah Adat Jawa




Unduh PPT Teks Deskripsi Rumah Adat Jawa



Belum ada Komentar untuk "Media Pembelajaran Bahasa Jawa, Materi Teks Deskripsi Rumah Adat Jawa"

Posting Komentar