Minggu, 06 Maret 2016

Kumpulan Geguritan Kapacak ing majalah Panjebar Semangat No. 52-26 Desember 2015

Geguritan merupakan salah satu jenis karya sastra jawa modern, didalam bahasa indonesia geguritan bisa di sejajarkan dengan puisi, berikut kami berikan contoh geguritan bahasa jawa yang pernah dimuat di majalah Panjebar Semangat, semoga bermanfaat contoh lain yang bisa dijadikan referensi dan disertai analisisnya adalaha dari situs geguritan.com
 

Celengan Kodhok
(Rahmaditya K.A.R.W)
Celengan Kodhok werna abang
Lingguh ndomblong neng meja belajar
Ngawasake awakku kang isih dadi pelajar
Mbiyen sing maringi ibu
Didhawuhi nyemplungi dhuwit
                           turahane sangu
Dhuh celengan kodhok werna abang
Saben dina tak iseni, kaya ap sing
                           didhawuhke ibu
Senajan mung dhuwit skrepis
Nanging ibu nate ngendika,
Yen raono sakrepis raono sakmilyar
Nalika aku lagi sinau
Celengan kodhok sing ngancani aku
Dadi kelingan apa welingmu ibu marang aku
"sing sregep nggonmu sinau, sing gemi nastiti lan sing ati-ati
                                            dimen mulya uripmu ing tembe mburi ..."



A n g i n

(R.K.A Rozzaq. W)
Angin pancaroba kang teka
Ora tau dinyana-nyana
Apa wae kang ana ndonya
Kita kabeh ora bisa suwala
Arepa nganggo apa wae
Kang diduweni manungsa iki
Mulane ayo kabeh nyawiji
Nyuwun marang Gusti
Supaya bisa nglampahi
Urip tumekaning pati
Angin pancaroba ngobrak-abrik
Swasana, ngrusak impen
Sing durung sawutuhe sampurna
Endahing kluwung ing birune langit bakal sirna
Kaganti mendhung angendanu ...


Aku saperangan Saka Atine Kawula Hamas

(Sutarmanto)
aku saperangan saka atine kawula hamas
tan ngerti aku marang jejeging adil
sing tan kinawruhan tlonjonge
aku ora mudheng roket lan mimis
kejaba mangan ngombe lan nangis
tan ngerti uga kersane Pangeran
panguntabe pati-patiku dadi urip-uripku

aku saperangan saka atine kawula hamas
playune uripku tanpa mesthi
kaya ancik-ancik pucuking wot ogal-agil
apa dina iki tutug ngirup hawa menawa
pucuk-pucuke bedhil tansah kaincengake
marang aku, tanganku kosong pluruku kothong
saben-saben nyawaku kemleyang sawiji
kaya wus musna kabeh jiwa ragaku
kari uripmu kang mung sewu bruwang
ngantu-antu kalamangsa wis nguntal sliramu

saben detik wus ilang ati luwarku
kanggo ngukuhi urip sacuwil sing kogadhw
nalika kojedhotake kabeh awak-awakanmu
musna sliramu kari watu-watu
kang njebrul saka kawahe gunung jalut
mudhun saka swarga trantune, njebol
tapel watese panguripan nguntal talut
ngejur-jur Dawud ngobrak-abrik mejmure urip

kosawang tangan-tanganmu wis angepung wenris
bakal ngremuk watu-watu ing jajamu dhewe
menyang endi sliramu dhedhelikan
amarga mripat batinmu uga wus matu item
ketungkul kobaring asmara sapenginang
brahala-brahala kang wus nlikung tresnamu
saka mring katresnan jati sing kogorohake

Alas Karangkates

( Deni Candra Irawan)
Kaderekake iline banyu mega Benorowo
kasawang padhange siyang
swasana panase njlekit rumasuk panca krasa
dumadakan arasa tidhem ayem
Alas Karangkates kasil njongkeng rodha kreta
kandheg laku sauntara
sidhem adhem mbaturi lampahan
arahan luput durung luput
wong tuwa weneh pepadhang
mbalik wetan tundhone karep
Marga kawas kawitan ingatase pagelaran
Hya kadi mecaki dalan saben dina 
tan ana rasa kuwi kajaba suka methuk kenya
Alas Karangkates papan sanggrahan hya papan bebukane Gelaran

 

 

2 Komentar untuk "Kumpulan Geguritan Kapacak ing majalah Panjebar Semangat No. 52-26 Desember 2015"

  1. apik, Laras, nandhakake menawa kabeh wis kajangka dening sing maha kuasa

    BalasHapus
  2. ada foto lembaran majalahnya nggak? aku butuh😭

    BalasHapus

Advertisemen